Jiwaku ngluhurke Pangran ati bungah gambira Allah juru slametku kersa
anjunjung aku. Pramila kabeh bangsa anyebut aku rahayu. Tuhu pakaryan
agung kang tanupami
Pinuji Pangran mamulya tuwin mahakuwasa. Tuhu setya ing janji
angluwari pra abdi. Asih mring para papa pra duraka den singkiri. Adil
mring para abdi kang tuhu ngabdi.