Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2023

Kidung Adi 255 Magnificat

 Kidung Adi 255 Magnificat Jiwaku ngluhurke Pangran ati bungah gambira Allah juru slametku kersa anjunjung aku. Pramila kabeh bangsa anyebut aku rahayu. Tuhu pakaryan agung kang tanupami  Pinuji Pangran mamulya tuwin mahakuwasa. Tuhu setya ing janji angluwari pra abdi. Asih mring para papa pra duraka den singkiri. Adil mring para abdi kang tuhu ngabdi.

Kidung Adi 404 Nata Agung

 Kidung Adi 404 Nata Agung Nata Agung mangrani bawana  Ambeg darna asih mring pra dasih  Dhamparing Nata langgeng salaminya.  Jagad musna Gusti tetep mulya.  Hyang maluhur Gusti langgeng murba  Hyang maluhur Gusti langgeng murba

Kidung Adi 240 Amba Asih Mring Pangeran

 Kidung Adi 240 Amba Asih Mring Pangeran Ulangan : Amba asih mring Pangeran sumber tuking kekiyatan. Amba kalis ing bebaya jinagi slaminya.  Yenta mengsah ngreridhu angepung damel bebendhu Ning Pangeran angampingi amba kaling ing bebaya  Saking mengsah kang dhengki angapingi amba kalis ing bebaya

Kidung Adi 228 Cempening Allah

 Kidung Adi 228 Cempening Allah Cempening Allah ingkang mbirat dosaning jagad nyuwun kawelasan  Cempening Allah ingkang mbirat dosaning jagad nyuwun kawelasan  Cempening Allah ingkang mbirat dosaning jagad nyuwun katentreman, nyuwun katentreman

Kidung Adi Rama Kawula

 Kidung Adi Rama Kawula U: Rama kawula ing swarga. Asma Dalem kaluhurna Kraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem kalampahana, wonten ing donya kados ing swarga. Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem, kados dene anggen kawula ugi angapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking piawon.  I: Kaluwarna kawula, dhuh Gusti saking sakthahing piawon. Dene manah nyuwun tentrem ing wekdal samangke, supados kanthi sih pitulungan Dalem, kawula resik saking dosa, tebih saking godha rencana, tansah ngantuantu kamulyan tuwin rawuh Salem Sang Pamarta Sri Yesus Kristus.  U: Awit Gusti ingkang lestantun mengku keprabon, panguwaos tuwin kemulyan ing salamilami.

Kidung Adi 218 Suci

 Kidung Adi 218 Suci Suci suci suci, Gusti Allahing alam sawegung swarga lan donya penuh ing kamulyan Dalem Gusti. Linuhurna ing salami lami. Pinuji ingkang rawuh atas asmaning Pangeran. Linuhurna ing salami lami.

Kidung Adi 206 Klawan Sukeng Wardaya

 Kidung Adi 206 Klawan Sukeng Wardaya Klawan sukeng wardaya kula sowan Gusti perlu caos pisungsung warni anggur roti. Refren : Mugi kurban punika ngluhuraken Gusti sarta paring rahajeng datheng kula sami  Menggah sagung pisungsung namung lambang mligi jiwa raga yektose ingkang katur Gusti  Gusti mugi nampia jiwa raga kula mangke slira Paduka gentos kaparingan

Mazmur Misa 1 Sura 19 Juli 2023 & Alleluya 962

 Mazmur Misa 1 Sura 19 Juli 2023 & Alleluya 962 Ulangan : Gusti Allah maha asih lan welas asih  Dhuh nyawaku saosa puji marang Allah, apa saisine batinku muji ya marang asmane kang suci. Dhuh nyawaku saosa puji marang Allah, lan aja lali marang kadarmane  Panjenegane kang ngapura sakehe panerakmu kang marasake sakehe lelaramu. Panjenengane ngentas uripmu saka kubur, kang makhutani kanthi khatresnan lan sih rahmat.  Allah paring adil lan kebeneran, marang sakehe wong kang disiyasiya. Musa wis diparingi pangerti bab pangrehe banisrael diparingi weruh pakaryan Dalem,   Alleluya 962 : Allelulya Alleluya Alleluya Alleluya  Ayat : Rahayu Paduka Rama Pangeran swarga lan bumi, awit wewadining Dalem Paduka lairaken dhateng larelare

Kidung Adi 173 Gusti Nyuwun Kawelasan

  Kidung Adi 173 Gusti Nyuwun Kawelasan Gusti nyuwun kawelasan  Gusti nyuwun kawelasan  Sang Kristus nyuwun kawelasan  Sang Kristus nyuwun kawelasan  Gusti nyuwun kawelasan Gusti nyuwun kawelasan

Kidung Adi 158 Andher Pra Abdi

 Kidung Adi 158 Andher Pra Abdi Andher pra abdi sumujud Hyang masuci bendhe tinalu pratandha swakan adi. O Gusti, Gusti kersaa anampo. O Gusti, Gusti manah kang atur puji.  Bungahing ati gumelar ing beksan sri niating kalbu sawiji munjuk mring Gusti. O Gusti, Gusti kersaa anampo. O Gusti, Gusti manah kang atur puji.